USS Colorado (BB-45) iku prau perang klas Colorado kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Amérikah Sarékat. Aran prau iki saka jenengé Colorado, sawijining praja ing Amérikah Sarékat.[1]
Prau iki kapernahaké rikala 29 Mèi 1919 ing Camden, New Jersey déning New York Shipbuilding Corporation; banjur kababar rikala 22 Maret 1921. Kang mragadi prau iki Nyonyah Max Melville. Prau iki kinepyakaké rikala 30 Agustus 1923 ing pamangkuné Kaptèn Reginald R. Belknap.[2][3]
Colorado wiwit kabungkar rikala 23 Juli 1959.[4]
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search